Selasa, 01 April 2008

Sugeng Rawuh

Kulo nulis blog jawa sakmenika boten ateges melu-melu, nopo malih pengin saingan kaliyan blog jawa ingkang sampun wonten. Namung, kulo meniko tiyang Jawa ingkang pengin tumut nguri-nguri budayane dewe. Lek mboten kita sedaya ingkang nguri, sinten malih? Kulo pengin blog menika saged kagem rembugan sareng-sareng bab menopo kemawon ingkang nyenengake.

Blog menika diparingi judul Sekar Gambuh amargi rumiyin wayah SD, kulo ndherek lomba nyanyi tembang macapat. Guru kulo maringi salah sawijining ingkang saking Gambuh. Kulo taksih eling lirikipun. Sumonggo panjenengan sami moco.

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpo tutur katulo-tulo katali
Kadaluwarso kapatuh
Katutuh pan dadi awon

Sae kan lirikipun? Kulo dhemen sanget tembang menika ateges maringi pengalaman kulo ndherek lomba nyanyi. Jaman semanten, kulo angsal juara harapan. Senajan mboten menang, kulo dhemen saged dados wakil sekolah wonten lomba Agustusan. Hehe, radi sombong nggih? Kulo namung nyritakaken pengalaman kulo angsal ide maringi judul blog menika.

Mugi-mugi, blog menika saged maringi manfaat lan sedaya kemawon ingkang kesasar wonten mriki maringi kawigatosan urun rembug sami-sami. Sugeng Rawuh.

Tidak ada komentar: