Selasa, 01 April 2008

Numpak Sepur

Mau sore, ibuk telepon ngagem handphone. Kulo diutus wangsul wonten ndalem sesuk esuk. Senajan taksih wonten pedamelan, naming ngelingi ibuk sarta kulawarga ugi gadhah kepentingan luwih gedhe lan penting, kula cepet-cepet mberesaken pedamelan ingkang during kecandhak. Ponthang panthing ora keruan. Sing luwih nggegirisi iku ngelingi yen sesuk esuk kula numpak sepur ekonomi sing orang karu-karuan macete.



Wayah rong minggu kepungkur, antawis tanggal 20-22 Maret 2008, libur dawa sing dimanfaatke karo uwong-uwong kanggo mulih. Semono ugo kula. Numpak saking stasiun Kota Baru Malang jurusan Blitar, Tulungagung, Kediri, Kertosono, lan Surabaya. Tujuan kula mudhun stasiun Sumbergempol, sakdurunge stasiun Tulungagung. Nah, jam pitu esuk kurang seprapat, kula wis teka stasiun. Ndilalah, ngantrine ora karuan. Yo, dilakoni wae. Lha wong, tujuane yo podho mulihe.

Neng jadwal, sepur teka jam pitu luwih sepuluh menit. Namung, jam wolu lagi teka. Kula langsung pengin numpak cepet-cepet, rebutan karo penumpang liyane. Nanging ndelok, pranyata sepur ora iso ditumpaki manungsa maneh. Hehe, ateges wis penuh pol-polan. Lawange ora keno diliwati, malah akeh uwong-uwong sing gandholan ning pinggirane lawang iku. Senajan ono sing nekad, aku rumongso males wae numpak ngelingi kahanan koyo iku.

Meh separo penumpang akhire iso melu. Aku lan calon penumpang liyane kepeksa nunggu maneh sepur sing teka sekmarine iku, antawis jam sepuluhan. Petugas stasiun ugo wis ngelingake menawa ojo nekad numpak, eling karo kulawarga neng omah. Ah, aku leren lungguh dhisik neng kursi. Untung ono kanca ngobrol sing asik. Sempet sarapan sedhela, mari ngono dilanjutna maneh ngobrole.

Jam sepuluh luwih, sepur uga durung teka. Aku sing awale santai, malih ora tenang. “Piye to iki?” batinku sing dingerteni karo kanca ngobrolku. Liwat jam sewelas, calon penumpang sing teko akeh maneh. Aku gedheg-gedheg. Sepur uga during teka. Jarene petugas sing lewat, antawis jam sepuluh luwih thithik. Sampe yah mene? Akhire, lagi teko jam setengah loro awan alias bedhug! Rasane ora keruan. Wis mambu kringet, ngantuk, luwe maneh, lan kesel.

Berarti aku nunggu neng stasiun luwih saka enem jam! Wah, wah, tuwek neng stasiun lo ya…Lek, carane ngene iki aku pengine langsung teko neng omah wae. Ora usah numpak kendaraan. Hehe, khayal ora keruan. Untung wayah iku oleh kanca enak kanggo ngobrol. Lek ora, aku malah saya nyaprut (koyo wong tuwek…). Numpak bis, uga podho penuhe, ramene koyo ora biasane. Akhire, kula teka omah antawis maghrib. Hm, rolas jam neng ndalan! Padahal biasane naming telu sampe papat jam kemawon.

Sesuk esuk aku uga mulih numpak sepur. Apa bakal rame maneh yo? Lek iyo, ah…golek kanca ngobrol wae kareben asik…Ora kroso yen teka panggonan. Tapi, lek ora oleh, yo turu wae….Ojo digawe repot (jarene Gus Dur).




Read more...

Sugeng Rawuh

Kulo nulis blog jawa sakmenika boten ateges melu-melu, nopo malih pengin saingan kaliyan blog jawa ingkang sampun wonten. Namung, kulo meniko tiyang Jawa ingkang pengin tumut nguri-nguri budayane dewe. Lek mboten kita sedaya ingkang nguri, sinten malih? Kulo pengin blog menika saged kagem rembugan sareng-sareng bab menopo kemawon ingkang nyenengake.

Blog menika diparingi judul Sekar Gambuh amargi rumiyin wayah SD, kulo ndherek lomba nyanyi tembang macapat. Guru kulo maringi salah sawijining ingkang saking Gambuh. Kulo taksih eling lirikipun. Sumonggo panjenengan sami moco.

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpo tutur katulo-tulo katali
Kadaluwarso kapatuh
Katutuh pan dadi awon

Sae kan lirikipun? Kulo dhemen sanget tembang menika ateges maringi pengalaman kulo ndherek lomba nyanyi. Jaman semanten, kulo angsal juara harapan. Senajan mboten menang, kulo dhemen saged dados wakil sekolah wonten lomba Agustusan. Hehe, radi sombong nggih? Kulo namung nyritakaken pengalaman kulo angsal ide maringi judul blog menika.

Mugi-mugi, blog menika saged maringi manfaat lan sedaya kemawon ingkang kesasar wonten mriki maringi kawigatosan urun rembug sami-sami. Sugeng Rawuh. Read more...